Selasa, 22 Maret 2016

asal-usul pisang kluthuk



NAMA     :ENDANG PANIATI
KELAS     :XI AK. 3
NO.          :11
MAPEL    :BAHASA JAWA


ASAL USUL JENENGE GEDHANG

Ndhek jaman biyen, ana woh wohan sing paling disenengi yen dipangan bubar madhang. Nanging para warga seneng padha guyon, yen ana mangan-mangan mesthi di plesedke dadi di geged bubar madhang. Unen unen kuwi dadi kebiasaan, mula kanggo njupuk penake dadi disingkat ged dhang. Banjur para warga liyane ya melu ngomong ngono. Suwe suwe dadi gedhang . Mula wit kuwi diarani gedhang.
MAKNANE WIT GEDHANG
à   Diibaratke kaya manungsa, urip kuwi mok sepisan , mula gawea kabecikan.
à   Wit gedhang kuwi akeh manfaate kanggo manugsa luwihe.
ASAL USUL JENENGE GEDHANG KLUTHUK
Nalika jaman wali, biyen kewan kewan bisa guneman. Wektu kuwi ana kraton lan nduweni kebun gedhang. Ing kraton kuwi ana bungklon , dheweke mlaku mlaku lan ngerti gedhang ing meja tamu , “gedhang iki!” unine bungklon . Mlaku maneh tekan meja pawon  “lho kok gedhang iki maneh, lha gedhang liyane kok gak tahu munggah meja?”, bungklon gregeten .Pancen gedhang kuwi enak tenan. Banjur bungklon njupuk krikil lan disawurke ing gedhang kuwi. “Aku gen kumanan gedhang iku lan gedhang liyane ya gen munggah meja”, unine bungklon.
Ratune teka, linggih lan mangan gedhng, dirasakke gedhang kuwi mau klethuk klethuk. “Mbok gedhange kok klethuk klethuk?”, takone Ratu marang abdine .Punapa Ratu,  kluthuk kluthuk panjenengan ?. Amarga tuna rungu ,dadi klethuk maleh kluthuk.